Rabu, 06 Mei 2009

Lagu Jawa

PANGKUR
Aku duwe ura ura tinggalane eyang kang wus suwargi
Jagad Jembar Langit Dhuwur
Geni urupe panas
Iket putih yen diwedel dadi wulung
Yen ra ngandel do nyatakno
Asem kecut gulo legi

Singgah-singgah kolo singgah, pan suminggah Durgo Kolo sumingkir
Kang omo kang awulu
Kang suku kang asirah
Kang atenggak miwah kolo kang abuntut
Podo sira suminggaho
Mulia mring asal neki

Ojo nggoda lan ngrencono
Apaningsun yasun jatining urip
Dumadiku soko henu
Heneng heninging cipto
Singgang sono ing tawang towang prajake
Sinebut Puro Kencono
Bebetenge Rajah Wesi

Mingkar mingkuring angkoro
Angkoro karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinubo sinukarto
Mrih kertarto pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ning tanah Jowo
Agomo ageming aji

Jinejer neng wedotomo
Mrih tan kembo kembenganing pambudi
Nadyan to wus tuwo pikun
Yen tan mekani roso
Lire sepo asepi lir sepah samun
Samangsane pasamuan
Gonyak ganyuk nglelingsemi


Gugu karsaning priyonggo
Nora nganggo pepalang lamun angling
Lumuh ingaran baliku
Amung nggaru aleman
Nanging janmo kang wus waspadeng semu
Sinamuning samudono
Sesadoning adu manis

Tidak ada komentar:

Posting Komentar